Setadhiyon Manahan

Setadhiyon Manahan (Carakan: ꦱꦼꦠꦣꦶꦪꦺꦴꦤ꧀ꦩꦤꦃꦲꦤ꧀; cara Indonésia: Stadion Manahan) yaiku sawijining setadhiyon sarwaguna kang mapan ana ing Kutha Surakarta, Jawa Tengah, Indonésia. Setadhiyon iki bisa ngamot 20.000 wong[1] lan dadi kandhangé klub Persis Surakarta[2] lan Timnas bal-balan Indonésia (mligi ing gelaran AFF 2024)[3].
Nama "Manahan" nduweni teges wonten ing bahasa Jawi. Tembung "Manahan" asalipun saking tembung "manah" tegesipun ati utawi pangraos. Nama iki nggambarake semangat ingkang tuwuh ing papan punika, ingkang rumiyin tanah kagungan Praja Mangkunegaran (Pratama, 2025) [4]
Ing taun 2011, Manahan dadi setadhiyon Indonésia kang sepisanan bisa nggelar ASEAN. Para Games 2011, adicara olahraga dhisabilitas gedhé dhéwé sak-Asia Kidul-wétan. Setadhiyon iki diresmekakè déning H.M. Soeharto, Présidhèn RI ka-2 nalika tanggal 21 Fèbruari 1998.
Sajarah
[besut | besut sumber]Setadhiyon Manahan iku madeg minangka asiling panyengkuyung saka Yayasan Ibu Tien Soeharto. Wiwit dibangun ing taun 1989 migunakaké palemahan kang jembaré 170.000 m² kanthi ambané wangunan yaiku 33.300 m².[5] Suwéné wektu kang dibutuhaké kanggo mbangun udakara 9 taun, banjur meneri dina Setu, 21 Fèbruari 1998, Setadhiyon Manahan karesmèkaké déning Présidhèn ka-2 Républik Indonésia, H.M. Soeharto.
Data Tèhnis
[besut | besut sumber]- Ambané kukuban komplèks: 170.000 m².
- Ambané wangunan setadhiyon: 33.300 m².
- Ukuran lapangan setadhiyon: 75 x 111 m²
- Jinis suket: Dactylon Cynodon (suket bermuda)
- Lintasan: mlayu, atlétik, lan mlumpat adoh
- Gerbang mlebu komplèks setadhiyon: 5 iji
- Lawang mlebu setadhiyon: 4 iji
- Lawang mlebu panonton menyang tribun: 24 iji
- Dawané let antarané pager lan panonton: 20 m
- Daya panerangan: 53.000 watt
Gladri
[besut | besut sumber]-
Tetandhingan antarané Persis Solo vs Semen Padang taun 2025.
-
Adicara panutupan gelaran ulah raga Peparnas XVII taun 2024.
-
Setadhiyon Manahan minangka kandhangé Persis Solo ing Liga Primer Indonesia taun 2011.
-
Patung Obor Manahan.
Kapustakan
[besut | besut sumber]- ↑ Putra, Agil Trisetiawan. "Ternyata Jumlah Kursi Stadion Manahan 20.000 Plus 3". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-03-12.[pranala mati permanèn]
- ↑ "Dapat Dukungan dari Pemkot Solo, Persis Bisa Gunakan Stadion Manahan untuk Liga 2". BolaSkor (ing basa Indonesia). 2020-03-07. Dibukak ing 2025-03-12.
- ↑ antaranews.com (2024-12-04). "Profil Stadion Manahan Solo, markas Timnas Indonesia di Piala AFF 2024". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-03-12.
- ↑ Pratama, Yogi (2025-1-20). [Good news form Indonesia "Jejak Perkembangan Stadion Manahan Solo"]. GNFI. Diarsip saka sing asli ing 2025-1-20. Dibukak ing 2025-1-20.
{{cite web}}: Check|archive-url=value (pitulung); Check date values in:|access-date=,|date=, and|archive-date=(pitulung) - ↑ Media, Kompas Cyber (2023-06-04). "Profil Stadion Manahan, Gelanggang Olahraga Versi Mini GBK Halaman all - Kompas.com". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-03-12.