Perklaring umum prawenanging manungsa
Perklaring Umum Prawenaning Manungsa (basa Indonesia: Pernyataan Umum Tentang Hak-Hak asasi Manusia; basa Inggris Universal Declaration of Human Rights; dicekak UDHR) yaiku kintaka (dokumen) nagarantara sing diadopsi dening Sidang Umum Pasarékatan Bangsa-Bangsa sing nata gunggung (mengkodifikasi) sawatara kabebasan uga prawenanging (hak) manungsa. Dirèngrèng dening komite Pasarékatan Bangsa-Bangsa (PBB) sing dipanggedhéni Eleanor Roosevelt, kintaka iki diabsahaké Sidang Umum minangka Pancasan (resolusi) 217 kala sesi kaping telu nalika tanggal 10 Desember 1948 ing Palais de Chaillot Paris, Prancis. [1] Saka 58 anggota PBB rikala semana, 48 milih mupakat, ora ana anggota sing ora mupakat, wolu milih golput, lan loro ora nyumbang swara. [2]
Minangka tetalesing tulisan ing sajarah prawenang manungsa, Perklaring iki katata saka 30 pasal sing njlentrehaké dhasar kabebasan saha prawenang sawijing manungsa. Perklaring iki uga ngukuhaké sipat umum manungsa minangka prakara sing tansah andarbeni, ora kena diudhari, lan kapatrap kanggo sapa wae.[1] Diadopsi minangka "baku reranggéhan (standar pencapaian) sakabehan manungsa mangendi-endi nagara", perklaring iki njamin nagara-nagara ngakoni kabeh manungsa minangka makluk kang "lair mardika saha warata ing babagan martabat lan prawenang" tanpa nyawang "kawarganagaran, papan manggon, jalwèstri, nagara utawa suku asalé, rupa kulit, agama, basa, lan sapanunggalané."
Perklaring iki lumrahé dianggep kintaka punjering babad (dokumen tonggak sejarah) amarga basané sing universal, ateges ora mihak nilai kabudayan, tata rajaniti (sistem politik), uga agama tinamtu.[3] [4] Babagan iki sanalika nyupena (menginspirasi) pangrembakan ukum prawenaning manungsa nagarantara, lan minangka jangkah kapisan ing rèngrènganing Prasasta Nagarantara Prawenaning Manungsa (Piagam Internasional Hak-Hak Asasi Manusia), sing rampung tahun 1966 lan kawit dipatrap ing taun 1976. Senajan asipat ora ngiket kanthi resmi, isi perklaring iki tansah kaejawantah lan anglebu ing samaya nagarantara (perjanjian internasional) sak teruse, piranti prawenang manungsa kawasan, bebadan pamrentahan nagara, uga ing pranata ukum (legal code). [5] [6] [7]
Sakabèhing 193 nagara anggota PBB wis ngabsahaké saora-orané siji saka sangang samaya maiket (perjanjian mengikat) sing kabrawan dening Perklaring iki, kanthi mayoritas ngabsahaké papat utawa luwih.[1] Nalika ana konsensus wiyar yen perklaring ini ora ngiket kanthi rasmi lan ora kalebu ukum adat nagarantara, uga ana konsensus ing akeh nagara yen akeh katetapan ing perklaring iki kalebu ukum adat, sanajan pradata (pengadilan) ing sawatara nagara luwih winatesi tapsiran marang dampak ukumé. [8] Sanadyan ngono, perklaring iki isih mrabawani pangrembakaning ukum, rajaniti, uga sabajati (sosial) ing tlatah nagara saha bawana. Kabukti kanthi anane 530 pertalan saka perklaring iki. [9]
- ↑ a b c "Human Rights Law" (ing basa Inggris). United Nations. Diarsip saka sing asli ing Aug 13, 2020. Dibukak ing 20 August 2020. Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; jeneng ":0" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda - ↑ "A/RES/217(III)". United Nations. Diarsip saka sing asli ing 21 January 2019. Dibukak ing 24 May 2015.
- ↑ "Universal Declaration of Human Rights" (ing basa Inggris). Amnesty International. Dibukak ing 20 August 2020.
- ↑ Akkad, Dania (10 December 2012). "Human Rights: The Universal Declaration vs The Cairo Declaration". Middle East Centre, London School of Economics. Dibukak ing 20 August 2020.
- ↑ "Protection of Human Rights under Universal International Law". United Nations. Dibukak ing 25 June 2021.
- ↑ "Declaration on Human Rights Defenders". Office of the United Nations High Commissioner for Human Rights. Dibukak ing 25 June 2021.
- ↑ "70 Years of Impact: Insights on the Universal Declaration of Human Rights". unfoundation.org (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 5 December 2018. Dibukak ing 13 September 2020.
- ↑ Posner, Eric (4 December 2014). "The case against human rights". The Guardian (ing basa Inggris Karajan Manunggal). ISSN 0261-3077. Dibukak ing 22 January 2020.
- ↑ "Universal Declaration of Human Rights Main". Office of the United Nations High Commissioner for Human Rights.