Menyang kontèn

view-source

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

view-source yaiku skéma URI kang dianggo déning sawatara pangluru wèb (web browser) kanggo nuduhaké kodhe sumber sawijining kaca wèb utawa sumber wèb liyané.[1]

Tuladha, URI view-source:https://example.com bakal nuduhaké sumber kaca wèb kang ngalamat ing https://example.com.

Ing tanggal 25 Mèi 2011, skéma URI 'view-source' sacara resmi kadhaftar ing IANA[2] per RFC 4395.

Sengkuyungan pangluru

Firefox lan Internet Explorer nyengkuyung skéma URI iki, nanging sengkuyungan kanggo Internet Explorer diendheg ing Windows XP SP2 jalaran prakara kaamanan.[3] Firefox uga ngalami prakara kaamanan kang saèmper (yaiku kanthi cara nggabungaké URI view-source lan JavaScript[4]), nanging isih panggah disengkuyung ing Firefox 1.5[5] sawisé bug-é didandani. Ing taun 2009, tetemon bug anyar uga didandani ing Firefox 3.0.9.[6]

Pangluru Disengkuyung?
Mozilla Firefox Disengkuyung[7]
SeaMonkey Disengkuyung
Netscape Disengkuyung
Internet Explorer 4, 5, lan 6 Disengkuyung
Internet Explorer 6, 7, lan 8 Ora disengkuyung sawisé Windows XP SP2
Safari 3.2.1 Disengkuyung
Safari 5 lan 6 Ora disengkuyung
Opera 7, 8, 9, 10, lan 11 Ora disengkuyung
Opera 15 lan anyar dhéwé Disengkuyung
Google Chrome Disengkuyung[8]
Web Disengkuyung
HP webOS Lumantar aplikasi péhak katelu (Internalz Pro)[9]

Rujukan

  1. Yevstifeyev, M. (2011-04-23). "The 'view-source' URI Scheme draft-yevstifeyev-view-source-uri-01". IETF Datatracker. Dibukak ing 2022-06-25.
  2. Yevstifeyev, M. (2011-05-25). "'view-source' URI scheme registration template". IANA URI Schemes. Dibukak ing 2022-06-25.
  3. "view-source Protocol". MSDN. Diarsip saka sing asli ing 2011-03-08. Dibukak ing 2022-06-25.
  4. mikx (2005-05-21). "Mozilla Firefox view-source:javascript url Code Execution Exploit". milw0rm. Diarsip saka sing asli ing 2007-08-14. Dibukak ing 2009-02-25.
  5. jonathan (2005-11-30). "View Source Bug Fixed and a Tip". blogzilla. Dibukak ing 2009-02-25.
  6. Fleischer, Gregory (2009-04-21). "MFSA 2009-17: Same-origin violations when Adobe Flash loaded via view-source: scheme". Mozilla. Dibukak ing 2022-06-25.
  7. "View Source". Firefox Source Docs. Dibukak ing 2022-06-25.
  8. Trapani, Gina (2008-03-09). "Google Chrome's Full List of Special about: Pages". Lifehacker. Dibukak ing 2022-06-25.
  9. Robitaille, Jason (2010-08-28). "Internalz 1.3 brings style with a dark theme and more". PreCentral. Diarsip saka sing asli ing 2011-05-12. Dibukak ing 2011-02-11.

Pranala jaba