Menyang kontèn

Uniform Resource Locator

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Contoh URL

URL cekakan saka Uniform Resource Locator (diterjemahaké:dadi Pelokasi Sumberdaya Sragam), iku rangkéan karakter miturut sawiji format standar tinamtu, kang dipigunakaké kanggo nuduhaké alamat sawijining sumber kaya dhokumèn lan gambar ing Internèt.[1]

URL wujud sawijining inovasi dhasar tumrap perkembangan sajarah Internèt.[1] URL pisanan diciptakaké déning Tim Berners-Lee ing taun 1991 supaya panulis-panulis dhokumèn-dhokumèn bisa ngarujuk pranala menyang Jejaring Jagad Jembar utawa World Wide Web.[1] Wiwit taun 1994, konsèp URL wis dikembangaké dadi istilah Uniform Resource Identifier (URI) kang luwih umum sipaté. Sanadyan mangkono, istilah URL isih tetep dipigunakaké ing ngendi-endi.[1]

Uniform Resource Locator

URL nuduhaké sumberdaya Internèt utawa alamat sawijining kaca wèb (homepage) ya iku kaca sawijining dhokumèn utawa program kang péngin ditampilaké utawa dipigunakaké.[2] Lumrahé perlu nglebokaké telu informasi kanggo nuju menyang alamat tinamtu[2], ya iku:

Pérangan pisanan URL nuduhaké protokol umpamané http:// utawa https://.[2] Protokol iku pasetujon kang dipigunakaké kanggo komunikasi karo Hypertext Transfer Protocol.[2] Pérangan kapindho URL nuduhaké alamat server ing ngendi sumberdaya mau dumunung, umpamané www.microsoft.com kanggo situs wèb Microsoft Corporation.[2] Pérangan katelu URL ya iku path file, kang nuduhaké lokasi lan jeneng dhokumèn utawa program ing server mau, umpamané: kb/deskapp/word/q1974.html.[2] ing ngendi kb/deskapp/word/ iku lokasi file lan q1974.html jeneng berkas.[2]

Tipe URL

Ana rong tipe URL kang bisa dipigunakaké,[3] ya iku:

  • URL Absolute (URL Absolut), wujud piranti lengkap kang nyertakaké domain ing jaringan kang tepat, direktori ing sajeroning domain, lan file ing jeroné dirèktori.[3]
  • URL Relative (URL Relatif), nemtokaké sawijining alamat dhedhasar URL kang aktif wektu iku.[3]

Pranala njaba

Rujkan

  1. a b c d Darma, Jarot S., Shenia A, Buku Pintar Menguasai Internet, halaman 416. mediakita.
  2. a b c d e f g Sunarto, S.Kom, Teknologi Informasi & Komunikasi SMP IX, kaca 90. Grasindo.
  3. a b c Wahana Komputer (2001), Désain Web dengan Microsoft FrontPage 97, halaman 6. ANDI.