Menyang kontèn

Cengkèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Cengkèh

Cengkèh iku kuntum kembang kang garing saka wit cengkèh.[1] Cengkèh gampang urip ing laladan tropis.[1] Indonésia salah siji nagara kang kondhang bisa ngasilaké cengkèh.[1] Akèh tinemu wit cengkèh ing laladan Maluku.[1]

Cengkèh (Syzygium aromaticum) kagolong tuwuhan kang duwé wit kang gedhé lan kayuné atos.[2] Cengkèh bisa urip nganti puluhan taun, malah-malah ana sing atusan taun.[2] Dhuwure bisa nganti 20-30 mèter, pang-pange uga akèh.[2]

Cengkèh kanggo bahan campuran rokok krètèk, lan kanggo bumbu penyedap masakan.[3] Ambuné cengkèh kang khas dihasilké saka senyawa eugenol, kang dadi senyawa kang paling akèh (72-90%) kang nyusun lenga atsiri cengkèh.[3] Eugenol nduwé sipat antisèptik lan anestetik (bius).[3]

Klasifikasi Cengkèh

Klasifikasi cengkèh:[4]

Kasiat Cengkèh

Kasiyaté cengkèh bisa kanggo usada kaya ta:[5]

  • Kanggo nambani lelara koléra lan nambah denyut jantung
Bahan: cengkèh kang wis garing
Carané nganggo: dikunyah lan disesep banyuné
Lenga cengkèh bisa nggawé kuwat lendhir usus lan lambung, bisa uga nambah cacahé getih putih.
  • Campak
Bahan: 10 kembang cengkèh lan gula batu
Carané: kembang cengkèh dikum banyu mateng sawengi, banjur ditambahi gula batu lan diudheg nganti rata. Banjur diombé sithik-sithik.
Bahan: 5-7 kembang cengkèh kang garing lan lenga kemiri.
Cara gawé: kembang cengkèh diobong nganti gosong, banjur diuleg nganti alus lan ditambah lenga kemiri.
Carané nganggo: diolesaké ing alis mripat saben soré.

Cathetan suku

  1. a b c d Tanaman Obat Cengkeh Archived 2011-03-16 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  2. a b c Tanaman Obat Archived 2010-05-22 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  3. a b c Cengkeh Tanaman Asli Indonésia Archived 2011-07-21 at the Wayback Machine.(diakses tanggal 2 Maret 2011)
  4. Tanaman Perkebunan[pranala mati permanèn] (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  5. Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)

Cithakan:Bumbon crakèn