Menyang kontèn

Uniform Resource Locator

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 14 Fèbruari 2013 16.31 déning EmausBot (parembugan | pasumbang) (r2.7.3) (Bot: Ngowah ko:Uniform resource locator dadi ko:URL)
Contoh URL

URL cekakan saka Uniform Resource Locator (diterjemahaké:dadi Pelokasi Sumberdaya Sragam), iku rangkéan karakter miturut sawiji format standar tinamtu, sing dipigunakaké kanggo nuduhaké alamat sawijining sumber kaya dhokumèn lan gambar ing Internèt.[1]

URL arupa sawijining inovasi dhasar tumrap perkembangan sajarah Internèt.[1] URL pisanan diciptakaké déning Tim Berners-Lee ing taun 1991 supaya panulis-panulis dhokumèn-dhokumèn bisa ngarujuk pranala menyang Jejaring Jagad Jembar utawa World Wide Web.[1] Wiwit taun 1994, konsèp URL wis dikembangaké dadi istilah Uniform Resource Identifier (URI) sing luwih umum sipaté. Senadyan mangkono, istilah URL isih tetep dipigunakaké ing ngendi-endi.[1]

Uniform Resource Locator

URL nuduhaké sumberdaya Internèt utawa alamat sawijining kaca wèb (homepage) ya iku kaca sawijining dhokumèn utawa program sing kepingin ditampilaké utawa dipigunakaké.[2] Sacara umum perlu nglebokaké telu informasi kanggo nuju menyang alamat tinamtu[2], yaiku :

Bagéan pisanan URL nuduhaké protokol umpamané http:// utawa https://.[2] Protokol iku pasetujon sing dipigunakaké kanggo komunikasi karo Hypertext Transfer Protocol.[2] Bagéan kapindho URL nuduhaké alamat server ing ngendi sumberdaya kasebut dumunung, umpamané www.microsoft.com kanggo situs wèb Microsoft Corporation.[2] Bagéan katelu URL ya iku path file, sing nuduhaké lokasi lan jeneng dhokumèn utawa program ing server kasebut, umpamané: kb/deskapp/word/q1974.html.[2] ing ngendi kb/deskapp/word/ iku lokasi file lan q1974.html jeneng berkas.[2]

Tipe URL

Ana rong tipe URL sing bisa dipigunakaké,[3] yaiku:

  • URL Absolute (URL Absolut), arupa alat lengkap sing nyertakaké domain ing jaringan sing tepat, direktori ing sajeroning domain, lan file ing jeroné dirèktori.[3]
  • URL Relative (URL Relatif), nemtokaké sawijining alamat adhedhasar URL sing aktif wektu iku.[3]

Pranala njaba

Rujkan

  1. a b c d Darma, Jarot S., Shenia A, Buku Pintar Menguasai Internet, halaman 416. mediakita.
  2. a b c d e f g Sunarto, S.Kom, Teknologi Informasi & Komunikasi SMP IX, kaca 90. Grasindo.
  3. a b c Wahana Komputer (2001), Desain Web dengan Microsoft FrontPage 97, halaman 6. ANDI.