Menyang kontèn

Cengkèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 31 Januari 2013 10.09 déning TjBot (parembugan | pasumbang) (r2.7.2) (Bot: Nambahaké oc:Giròfle)
Cengkèh

Cengkèh iku kuntum kembang kang garing saka wit cengkèh.[1] Cengkèh gampang urip ing dhaerah tropis.[1] Indonesia salah siji negara kang terkenal bisa ngasilaké cengkèh.[1] Akèh ditemokaké wit cengkèh ing dhaérah Maluku.[1]

Cengkèh (Syzygium aromaticum) kagolong tanduran kang nduweni wit kang gedhé lan kayuné atos.[2] Cengkèh isa urip nganti puluhan tahun, malah-malah ana sing atusan tahun.[2] Dhuwure isa nganti 20-30 meter, pang-pange uga akèh.[2]

Cengkèh digunakaké kanggo bahan campuran rokok krètèk, lan kanggo bumbu penyedap masakan.[3] Ambuné cengkèh kang khas dihasilké saka senyawa eugenol, kang dadi senyawa kang paling akèh (72-90%) kang nyusun minyak atsiri cengkèh.[3] Eugenol nduwe sifat antiseptik lan anestetik (bius).[3]

Klasifikasi Cengkèh

Klasifikasi cengkèh :[4]

Kasiat Cengkèh

Kasiyaté cengkèh bisa digunakaké kanggo obat-obatan kayata: [5]

  • Kanggo ngobati penyakit koléra lan nambah denyut jantung
Bahan: cengkèh kang wis garing
Carané nganggo: dikunyah lan disesep banyuné
Lenga cengkèh bisa nggawé kuwat lendhir usus lan lambung, bisa uga nambah cacahé getih putih.
  • Campak
Bahan: 10 kembang cengkèh lan gula batu
Carané: kembang cengkèh dikum banyu mateng sawengi, banjur ditambahi gula batu lan diudheg nganti rata. Banjur diombé sithik-sithik.
Bahan: 5-7 kembang cengkèh kang garing lan lenga kemiri.
Cara gawé: kembang cengkèh diobong nganti gosong, banjur diuleg nganti alus lan ditambah lenga kemiri.
Carané nganggo: diolesaké ing alis mripat saben soré.

Cathetan Suku

  1. a b c d (ing basa Indonésia)Tanaman Obat Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  2. a b c (ing basa Indonésia)Tanaman Obat (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  3. a b c (ing basa Indonésia)Cengkeh Tanaman Asli Indonesia(diakses tanggal 2 Maret 2011)
  4. (ing basa Indonésia)Tanaman Perkebunan (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  5. (ing basa Indonésia)Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)