Menyang kontèn

Active Server Pages

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Active Server Pages urata disingkat ASP yaiku salah sawijining basa pemrograman web kanggo nyiptakake kaca web kang dinamis.

Microsoft

ASP yaiku salah sawijining piranti teknologi kang disediakake dening Microsoft.[1] ASP diproses lumantar web server lan asil proses iki bisa ngasilake HTML kang bakal dikirimake lumantar penjelajah web (browser).[1] ASP nyambut gawe marang web server lan minangka server side scripting.[1]

Pengenalan

Active Server Pages (ASP) yaiku pengaturan web kang digunakake kanggo mrogram kaca web kang dinamik lan asipat interaktif[2]. Active server page yaiku fasilitas saka Microsoft kanggo nggampangake gawe aplikasi-aplikasi Web Server.[3] ASP diciptakake dening Microsoft kanggo njawab tantangan pemrograman web dinamis. [4] Ora kaya HTML kang mung nudhuhake isi kang statis, ASP kisa nudhuhake isi kaca kang beda manut karo ancas pemrogramane.[4] ASP wis ngancik versi 3.0 kang mlaku ing platform Windows 2000 Professional utawa Server.[4] Versi sadurunge, yaiku versi 2.0, kang mlaku ing platform liyane kayata Linux, Solaris, OS/2, lan Novell.[4]

Basa ASP murni Object Oriented Programming (OOP) duweni struktur basa kang padha karo basa Visual Basic kang gampang dingerteni amarga sintakse nggunakake Basa Inggris.[4] Visual Basic yaiku basa pemrograman kang paling gampang dingerteni lan disinaoni tinimbang basa pemrograman liyane.[4] Mula ASP gampang banget disinaoni dening para pemula kanggo gawe aplikasi web.[4]

Penjelajah web

Penjelajah web kang digunakake kanggo ngetes script ASP kang digawe ing antarane yaiku Internet Explorer, Netscape Navigator, utawa Opera.[4]

Kaunggulan ASP

Kaunggulan saka ASP yaiku[3]:

  • Gampang disinaoni
  • Gampang dikembangake saka sistem kang wis ana
  • Ora perlu kompilasi.
  • Gampang digabungake karo teknologi liyane kayata CGI, DCOM, ActiveX lan liya-liyane.
  • Kanthi nggunakake ActiveX Data Object lan [[SQL], anggone gawe Web Data Base dadi luwih murah.
  • Menehi fasilitas keamanan kayata session Object, cookie, lan fasilitas transaksi online kang aman kanthi protokol SSL, kabeh bisa ditindakake kanthi nggunakake sitik kode tambahan.
  • Kode ASP ora bisa dideleng saka client, hal iki disebabake amarga yen server nampa request file asp, mula file mau diproses disik ing server lan kang dikirimke yaiku kode-kode HTML

Tuladhane

[5]

<html>
<body>
<%
response.write("My first ASP script!")
%>
</body>
</html>

Pranala Luar


Cathetan suku

  1. a b c Johanes Gunawan, Cepat Mahir ASP, ilmukomputer.org
  2. Mohd. Shahizan Othman, Suraya Miskon, Syed Norris Hikmi Syed Abdullah & Lizawati Mi Yusuf, Pembangunan Apilikasi Web Menggunakan Active Server Pages (ASP), kaca 67. UTM
  3. a b Ebook Onno W Purbo, Aplikasi Internet.
  4. a b c d e f g h BUKU ASP BAB1 - TUTANG
  5. ASP Tutorial