Nokia

Nokia iku produsén piranti télékomunikasi kang pgedhé ing donya lan kalebu prusahaan kang pgedhé ing Finlandia.[1] Kantor pusate manggon ing kutha Espoo, Finlandia.[1] Nokia misuwur amarga prodhuk-prodhuk tlepon genggam.[1] Nokia nggawe telpon genggam utawa hp kanggo kabeh pasar lan protokol utama kalebu GSM, CDMA, lan W-CDMA (UMTS).[1] Ana uga kang ngarani NOKIA asalé saka jeneng komunitas kang manggon ing kali Emakoski ing Finlandia Selatan.[2] Sajroné dadi penguwasa pasar ponsel kang paling gedhé sadonya, Nokia uga tau ngalami pacoban.[1] Nokia iku dijupuk saka jeneng kali Nokianvirta kang mili saka kutha Nokia ing region Pirkanmaa. [1]Sadurungé nggawé piranti telekomunikasi, Nokia uga tau nggawé ban, sepatu boot, tivi, lan prodhuk umum liyane.[1] Tune Nokia kang sepisanan iku digawé karo Fransisco Tarrega.[1] Dheweké iku komposer Spanyol lan gitaris nalika periode Romantic. [1]Nada dering nalika nampa sms kang ana ing ponsel Nokia sejatiné yaiku kode morse kanggo SMS.[1] Istilah GSM kang sepisanan digawé lumantar jaringan kang disuplai Nokia nalika taun 1991 ing Helsinki.[1] Nalika iku dadi wektu kang sepisanan kanggoné perdana menteri Helsinki kang jenengé Harri Holkeri nganggo ponsel Nokia. [1]Alat penganalisa detak yaiku perangkat elektronik kang sepisanan digawé Nokia nalika taun 1962.[1] Mobira Talkman iku ponsel Nokia kang sepisanan kang digawé nalika taun 1984.[1] Nalika iku regané kurang luwih 4500 euro.[1] Dené ponsel layar sentuh kang digawé nokia kang sepisanan yaiku Nokia 7710 kang digawé nalika taun 2004.[1] Nokia 1100 dadi ponsel kang paling laris nalika sasi Mei 2001.[1] Ponsel Nokia N Series kang sepisanan digawé kanthi bareng-bareng yaiku Nokia N70, N90, dan N91.[1]
Cathetan suku
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |