Menyang kontèn

Nokia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Toko Nokia ing Würzburg, Jerman

Nokia iku produsén piranti telekomunikasi kang paling gedhé ing donya lan kalebu prusahaan kang paling gedhé ing Finlandia.[1] Kantor pusate manggon ing kutha Espoo, Finlandia.[1] Nokia misuwur amarga prodhuk-prodhuk tlepon genggam.[1] Nokia nggawe telpon genggam utawa hp kanggo kabeh pasar lan protokol utama kalebu GSM, CDMA, lan W-CDMA (UMTS).[1] Ana uga kang ngarani NOKIA asalé saka jeneng komunitas kang manggon ing kali Emakoski ing Finlandia Selatan.[2] Sajroné dadi penguwasa pasar ponsel kang paling gedhé sadonya, Nokia uga tau ngalami pacoban.[1] Nokia iku dijupuk saka jeneng kali Nokianvirta kang mili saka kutha Nokia ing region Pirkanmaa. [1]Sadurungé nggawé piranti telekomunikasi, Nokia uga tau nggawé ban, sepatu boot, tivi, lan prodhuk umum liyane.[1] Tune Nokia kang sepisanan iku digawé karo Fransisco Tarrega.[1] Dheweké iku komposer Spanyol lan gitaris nalika periode Romantic. [1]Nada dering nalika nampa sms kang ana ing ponsel Nokia sejatiné yaiku kode morse kanggo SMS.[1] Istilah GSM kang sepisanan digawé lumantar jaringan kang disuplai Nokia nalika taun 1991 ing Helsinki.[1] Nalika iku dadi wektu kang sepisanan kanggoné perdana menteri Helsinki kang jenengé Harri Holkeri nganggo ponsel Nokia. [1]Alat penganalisa detak yaiku perangkat elektronik kang sepisanan digawé Nokia nalika taun 1962.[1] Mobira Talkman iku ponsel Nokia kang sepisanan kang digawé nalika taun 1984.[1] Nalika iku regané kurang luwih 4500 euro.[1] Dené ponsel layar sentuh kang digawé nokia kang sepisanan yaiku Nokia 7710 kang digawé nalika taun 2004.[1] Nokia 1100 dadi ponsel kang paling laris nalika sasi Mei 2001.[1] Ponsel Nokia N Series kang sepisanan digawé kanthi bareng-bareng yaiku Nokia N70, N90, dan N91.[1]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r (ing basa Indonésia)suaramerdeka.com(dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)
  2. (ing basa Indonésia)lintasberita.com(dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)