Active Server Pages
Active Server Pages urata disingkat ASP yaiku salah sawijining basa pemrograman web kanggo nyiptakake kaca web kang dinamis.

ASP yaiku salah sawijining piranti teknologi kang disediakake dening Microsoft.[1] ASP diproses lumantar web server lan asil proses iki bisa ngasilake HTML kang bakal dikirimake lumantar penjelajah web (browser).[1] ASP nyambut gawe marang web server lan minangka server side scripting.[1]
Pengenalan
Active Server Pages (ASP) yaiku pengaturan web kang digunakake kanggo mrogram kaca web kang dinamik lan asipat interaktif[2]. Active server page yaiku fasilitas saka Microsoft kanggo nggampangake gawe aplikasi-aplikasi Web Server.[3] ASP diciptakake dening Microsoft kanggo njawab tantangan pemrograman web dinamis. [4] Ora kaya HTML kang mung nudhuhake isi kang statis, ASP kisa nudhuhake isi kaca kang beda manut karo ancas pemrogramane.[4] ASP wis ngancik versi 3.0 kang mlaku ing platform Windows 2000 Professional utawa Server.[4] Versi sadurunge, yaiku versi 2.0, kang mlaku ing platform liyane kayata Linux, Solaris, OS/2, lan Novell.[4]
Cathetan suku
- ↑ a b c Johanes Gunawan, Cepat Mahir ASP, ilmukomputer.org
- ↑ Mohd. Shahizan Othman, Suraya Miskon, Syed Norris Hikmi Syed Abdullah & Lizawati Mi Yusuf, Pembangunan Apilikasi Web Menggunakan Active Server Pages (ASP), kaca 67. UTM
- ↑ Ebook Onno W Purbo, Aplikasi Internet.
- ↑ a b c d BUKU ASP BAB1 - TUTANG