Active Server Pages
Active Server Pages urata disingkat ASP yaiku salah sawijining basa pemrograman web kanggo nyiptakake kaca web kang dinamis. thumb |250px| Microsoft ASP yaiku salah sawijining piranti teknologi kang disediakake dening Microsoft.[1] ASP diproses lumantar web server lan asil proses iki bisa ngasilake HTML kang bakal dikirimake lumantar penjelajah web (browser).[1] ASP nyambut gawe marang web server lan minangka server side scripting.[1]
Pengenalan
Active Server Pages (ASP) yaiku pengaturan web kang digunakake kanggo mrogram kaca web kang dinamik lan asipat interaktif[2]. Active server page yaiku fasilitas saka Microsoft kanggo nggampangake gawe aplikasi-aplikasi Web Server.[3] ASP diciptakake dening Microsoft kanggo njawab tantangan pemrograman web dinamis. [4] Ora kaya HTML kang mung nudhuhake isi kang statis, ASP kisa nudhuhake isi kaca kang beda manut karo ancas pemrogramane.[4] ASP wis ngancik versi 3.0 kang mlaku ing platform Windows 2000 Professional utawa Server.[4] Versi sadurunge, yaiku versi 2.0, kang mlaku ing platform liyane kayata Linux, Solaris, OS/2, lan Novell.[4]
Cathetan suku
- ↑ a b c Johanes Gunawan, Cepat Mahir ASP, ilmukomputer.org
- ↑ Mohd. Shahizan Othman, Suraya Miskon, Syed Norris Hikmi Syed Abdullah & Lizawati Mi Yusuf, Pembangunan Apilikasi Web Menggunakan Active Server Pages (ASP), halaman 67. UTM
- ↑ Ebook Onno W Purbo, Aplikasi Internet.
- ↑ a b c d BUKU ASP BAB1 - TUTANG