Cengkèh
Cengkèh | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Filum: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Myrtales |
Famili: | Myrtaceae |
Génus: | Syzygium |
Spésies: | S. aromaticum |
Jeneng binomial | |
Syzygium aromaticum (L.) Merrill & Perry |

Cengkèh iku kuntum kembang kang garing saka wit cengkèh.[1] Cengkèh gampang urip ing dhaerah tropis.[1] Indonesia salah siji negara kang terkenal isa ngasilake cengkèh.[1] Akeh ditemokake wit cengkèh ing dhaerah Maluku.[1]
Cengkèh (Syzygium aromaticum) kagolong tanduran kang nduweni wit kang gedhe lan kayune atos.[2] Cengkèh isa urip nganti puluhan tahun, malah-malah ana sing atusan tahun.[2] Dhuwure isa nganti 20-30 meter, pang-pange uga akeh.[2]
Cengkèh digunakake kanggo bahan campuran rokok kretek, lan kanggo bumbu penyedap masakan.[3] Ambune cengkèh kang khas dihasilke saka senyawa eugenol, kang dadi senyawa kang paling akeh (72-90%) kang nyusun minyak atsiri cengkèh.[3] Eugenol nduwe sifat antiseptik lan anestetik (bius).[3]
Klasifikasi Cengkèh
Klasifikasi cengkèh :[4]
- Divisi : Spermatophyta
- Subdivisi : Angiospermae
- Kelas : Dicotyledonae
- Bangsa : Myrtales
- Suku : Myrtaceae
- Marga : Syzygium
- Jenis : Syzygium aromaticum (L.)
Kasiat Cengkèh
Kasiate cengkèh isa digunakake kanggo obat-obatan kayata: [5]
- Kanggo ngobati penyakit Kolera lan nambah denyut jantung
- Bahan: cengkèh kang wis garing
- Carane: dikunyah lan disesep banyune
- Minyak cengkèh isa nggawe kuat lendir usus lan lambung, isa uga nambah jumlahe darah putih.
- Campak
- Bahan: 10 kembang cengkèh lan gula batu
- Carane: kembang cengkèh dikom banyu mateng sewengi, banjur ditambahi gula batu lan diudhek nganti rata. Banjur diombe sithik-sithik.
- Menghitamkan alis mata
- Bahan: 5-7 kembang cengkèh kang garing lan minyak kemiri.
- Cara membuat: kembang cengkèh diobong nganti gosong, banjur diuleg nganti alus lan ditambah minyak kemiri.
- Carane: dioleske ing alis mripat saben sore.
Cathetan Suku
- ↑ a b c d (ing basa Indonésia)Tanaman Obat Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)Tanaman Obat (diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)Cengkeh Tanaman Asli Indonesia(diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ↑ (ing basa Indonésia)Tanaman Perkebunan (diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ↑ (ing basa Indonésia)Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)