Menyang kontèn

Cengkèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cengkèh
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Angiosperms
Unranked: Eudicots
Unranked: Rosids
Ordho: Myrtales
Famili: Myrtaceae
Génus: Syzygium
Spésies: S. aromaticum
Jeneng binomial
Syzygium aromaticum
(L.) Merrill & Perry
Cengkèh

Cengkèh iku kuntum kembang kang garing saka wit cengkèh.[1] Cengkèh gampang urip ing dhaerah tropis.[1] Indonesia salah siji negara kang terkenal isa ngasilake cengkèh.[1] Akeh ditemokake wit cengkèh ing dhaerah Maluku.[1]

Cengkèh (Syzygium aromaticum) kagolong tanduran kang nduweni wit kang gedhe lan kayune atos.[2] Cengkèh isa urip nganti puluhan tahun, malah-malah ana sing atusan tahun.[2] Dhuwure isa nganti 20-30 meter, pang-pange uga akeh.[2]

Cengkèh digunakake kanggo bahan campuran rokok kretek, lan kanggo bumbu penyedap masakan.[3] Ambune cengkèh kang khas dihasilke saka senyawa eugenol, kang dadi senyawa kang paling akeh (72-90%) kang nyusun minyak atsiri cengkèh.[3] Eugenol nduwe sifat antiseptik lan anestetik (bius).[3]

Klasifikasi Cengkèh

Klasifikasi cengkèh :[4]

  • Divisi : Spermatophyta
  • Subdivisi : Angiospermae
  • Kelas : Dicotyledonae
  • Bangsa : Myrtales
  • Suku : Myrtaceae
  • Marga : Syzygium
  • Jenis : Syzygium aromaticum (L.)


Cathetan Suku

  1. a b c d (ing basa Indonésia)Tanaman Obat Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  2. a b c (ing basa Indonésia)Tanaman Obat (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  3. a b c (ing basa Indonésia)Cengkeh Tanaman Asli Indonesia(diakses tanggal 2 Maret 2011)
  4. (ing basa Indonésia)Tanaman Perkebunan (diakses tanggal 2 Maret 2011)