Menyang kontèn

Unicode

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 22 Novèmber 2010 22.24 déning VolkovBot (parembugan | pasumbang) ([r2.5.1] bot Menambah: be-x-old:Юнікод)

Unicode iku sawijining standar industri sing dirancang kanggo ngidinaké tèks lan simbul saka kabèh sistem tulisan ing donya bisa ditampilaké lan dimanipulasi sacara konsisten déning komputer. Dikembangaké sacara tandem kanthi standar Universal Character Set lan dipublikasèkaké jroning wangun buku The Unicode Standard, Unicode ngandhut sawijining kumpulan karakter, sawijining metodologi pengkodean lan kumpulan standar penyandian karakter, sawijining kumpulan bagan kode kanggo réferènsi visual, deskripsi sipat karakter kaya aksara gedhé lan aksara cilik, sawijining kumpulan data réferènsi berkas komputer, sarta aturan normalisasi, dekomposisi, pembandingan (collation), sarta penggambaran (rendering).

Unicode Consortium, iku sawijining organisasi nirlaba sing ngoordinasèkaké pangembangan Unicode nduwèni angkah ambisius supaya bisa nggantèkaké skéma pengkodean karakter sing ana kanthi Unicode lan skéma Unicode Transformation Format (UTF)-é, amarga akèh skéma sing ana saiki nduwèni kawinatesan ukuran, lingkup lan ora serasi karo lingkungan multibasa. Kasuksesan Unicode nyawijèkaké sèt karakter agawé penggunaané sing amba lan pradominan jroning babagan internasionalisasi lan lokalisasi perangkat lunak komputer. Standar iki wis diterapaké ing teknologi-teknologi saiki, klebu XML, basa pamrograman Java, lan sistem operasi modhèrn.

Aksara-aksara Nusantara sing wis nduwèni standar Unicode yakuwi aksara Bugis, Bali, Rejang, lan Sundha (Kaganga/Pakuan).

Referensi lan wacan

  • The Complete Manual of Typography, James Felici, Adobe Press; 1st edition, 2002
  • Unicode Demystified: A Practical Programmer's Guide to the Encoding Standard, Richard Gillam, Addison-Wesley Professional; 1st edition, 2002
  • Unicode Explained, Jukka K. Korpela, O'Reilly; 1st edition, 2006
  • The Unicode Standard, Version 5.0, Fifth Edition, The Unicode Consortium, Addison-Wesley Professional, Oct. 27, 2006. ISBN 0-321-48091-0
  • The Unicode Standard, Version 4.0, The Unicode Consortium, Addison-Wesley Professional, Aug. 27, 2003. ISBN 0-321-18578-1

Pranala njaba

Cithakan:Link FA