Uniform Resource Locator
Uniform Resource Locator
URL nuduhaké sumberdaya Internèt utawa alamat sawijining kaca wèb (homepage) ya iku kaca sawijining dhokumèn utawa program kang péngin ditampilaké utawa dipigunakaké.[1] Lumrahé perlu nglebokaké telu informasi kanggo nuju menyang alamat tinamtu[1], ya iku:
- Protokol,
- Alamat Server,
- Path File.
Pérangan pisanan URL nuduhaké protokol umpamané http:// utawa https://.[1] Protokol iku pasetujon kang dipigunakaké kanggo komunikasi karo Hypertext Transfer Protocol.[1] Pérangan kapindho URL nuduhaké alamat server ing ngendi sumberdaya mau dumunung, umpamané www.microsoft.com kanggo situs wèb Microsoft Corporation.[1] Pérangan katelu URL ya iku path file, kang nuduhaké lokasi lan jeneng dhokumèn utawa program ing server mau, umpamané: kb/deskapp/word/q1974.html.[1] ing ngendi kb/deskapp/word/ iku lokasi file lan q1974.html jeneng berkas.[1]
Tipe URL
Ana rong tipe URL kang bisa dipigunakaké,[2] ya iku:
- URL Absolute (URL Absolut), wujud piranti lengkap kang nyertakaké domain ing jaringan kang tepat, direktori ing sajeroning domain, lan file ing jeroné dirèktori.[2]
- URL Relative (URL Relatif), nemtokaké sawijining alamat dhedhasar URL kang aktif wektu iku.[2]