Menyang kontèn

Cengkèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 7 Oktober 2017 03.51 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (éjaan, replaced: obat-obatan → usada, terkenal → kondhang, : → : (8))
Cengkèh

Cengkèh iku kuntum kembang kang garing saka wit cengkèh.[1] Cengkèh gampang urip ing laladan tropis.[1] Indonésia salah siji nagara kang kondhang bisa ngasilaké cengkèh.[1] Akèh tinemu wit cengkèh ing laladan Maluku.[1]

Cengkèh (Syzygium aromaticum) kagolong tanduran kang duwé wit kang gedhé lan kayuné atos.[2] Cengkèh bisa urip nganti puluhan taun, malah-malah ana sing atusan taun.[2] Dhuwure bisa nganti 20-30 mèter, pang-pange uga akèh.[2]

Cengkèh kanggo bahan campuran rokok krètèk, lan kanggo bumbu penyedap masakan.[3] Ambuné cengkèh kang khas dihasilké saka senyawa eugenol, kang dadi senyawa kang paling akèh (72-90%) kang nyusun lenga atsiri cengkèh.[3] Eugenol nduwé sipat antisèptik lan anestetik (bius).[3]

Klasifikasi Cengkèh

Klasifikasi cengkèh:[4]

Kasiat Cengkèh

Kasiyaté cengkèh bisa kanggo usada kaya ta:[5]

  • Kanggo nambani lelara koléra lan nambah denyut jantung
Bahan: cengkèh kang wis garing
Carané nganggo: dikunyah lan disesep banyuné
Lenga cengkèh bisa nggawé kuwat lendhir usus lan lambung, bisa uga nambah cacahé getih putih.
  • Campak
Bahan: 10 kembang cengkèh lan gula batu
Carané: kembang cengkèh dikum banyu mateng sawengi, banjur ditambahi gula batu lan diudheg nganti rata. Banjur diombé sithik-sithik.
Bahan: 5-7 kembang cengkèh kang garing lan lenga kemiri.
Cara gawé: kembang cengkèh diobong nganti gosong, banjur diuleg nganti alus lan ditambah lenga kemiri.
Carané nganggo: diolesaké ing alis mripat saben soré.

Cathetan suku

  1. a b c d Tanaman Obat Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  2. a b c Tanaman Obat (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  3. a b c Cengkeh Tanaman Asli Indonésia(diakses tanggal 2 Maret 2011)
  4. Tanaman Perkebunan (diakses tanggal 2 Maret 2011)
  5. Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)