Uniform Resource Locator

URL cekakan saka Uniform Resource Locator (diterjemahaké:dadi Pelokasi Sumberdaya Sragam), iku rangkéan karakter miturut sawiji format standar tinamtu, sing dipigunakaké kanggo nuduhaké alamat sawijining sumber kaya dhokumèn lan gambar ing Internèt.[1]
URL arupa sawijining inovasi dhasar tumrap perkembangan sajarah Internèt.[1] URL pisanan diciptakaké déning Tim Berners-Lee ing taun 1991 supaya panulis-panulis dhokumèn-dhokumèn bisa ngarujuk pranala menyang Jejaring Jagad Jembar utawa World Wide Web.[1] Wiwit taun 1994, konsèp URL wis dikembangaké dadi istilah Uniform Resource Identifier (URI) sing luwih umum sipaté. Sanadyan mangkono, istilah URL isih tetep dipigunakaké ing ngendi-endi.[1]
Uniform Resource Locator
URL nuduhaké sumberdaya Internèt utawa alamat sawijining kaca wèb (homepage) ya iku kaca sawijining dhokumèn utawa program sing kepingin ditampilaké utawa dipigunakaké.[2] Lumrahé perlu nglebokaké telu informasi kanggo nuju menyang alamat tinamtu[2], ya iku :
- Protokol,
- Alamat Server,
- Path File.
Pérangan pisanan URL nuduhaké protokol umpamané http:// utawa https://.[2] Protokol iku pasetujon sing dipigunakaké kanggo komunikasi karo Hypertext Transfer Protocol.[2] Pérangan kapindho URL nuduhaké alamat server ing ngendi sumberdaya mau dumunung, umpamané www.microsoft.com kanggo situs wèb Microsoft Corporation.[2] Pérangan katelu URL ya iku path file, sing nuduhaké lokasi lan jeneng dhokumèn utawa program ing server mau, umpamané: kb/deskapp/word/q1974.html.[2] ing ngendi kb/deskapp/word/ iku lokasi file lan q1974.html jeneng berkas.[2]
Tipe URL
Ana rong tipe URL sing bisa dipigunakaké,[3] ya iku:
- URL Absolute (URL Absolut), arupa piranti lengkap sing nyertakaké domain ing jaringan sing tepat, direktori ing sajeroning domain, lan file ing jeroné dirèktori.[3]
- URL Relative (URL Relatif), nemtokaké sawijining alamat adhedhasar URL sing aktif wektu iku.[3]