Menyang kontèn

JavaScript

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 24 Agustus 2017 08.50 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (top: éjaan, replaced: ing antara → antarané)
Logo ora resmi saka JSConf Uni Èropah 2011

JavaScript iku jeneng implementasi Netscape Communications Corporation tumrap ECMAScript baku, sawijining basa skrip sing didhasaraké marang konsèp pemrograman mawa basis prototipe. Basa iki mligi misuwur amarga panggunaané ing situs web (minangka JavaScript sisih klien) lan uga dipigunakaké kanggo nyadiakaké aksès skrip kanggo objèk sing di"tandur" (embedded) ing aplikasi liya.

Skrip JavaScript sing dilebokaké sajeroning berkas HTML utawa XHTML kudu dilebokaké antarané tag <script>...</script>. Ing ngisor conto (sing bakal nampilaké dialog box isi Halo Donya! nalika sawijining tombol diklik déning panganggo):

<input type="button" value="Tekan di sini" onclick="halo();">
<script type="text/javascript">
    function halo() {
        alert( "Halo Donya!" );
    }
</script>

Cithakan:Pratélan basa pamrograman