Active Server Pages
Active Server Pages urata disingkat ASP ya iku salah sawijining basa pemrograman web kanggo nyiptakake kaca web kang dinamis.

ASP ya iku salah sawijining piranti teknologi kang disediakake déning Microsoft.[1] ASP diproses lumantar web server lan asil proses iki bisa ngasilake HTML kang bakal dikirimake lumantar penjelajah web (browser).[1] ASP nyambut gawé marang web server lan minangka server side scripting.[1]
Pengenalan
Active Server Pages (ASP) ya iku pengaturan web kang digunakake kanggo mrogram kaca web kang dinamik lan asipat interaktif[2]. Active server page ya iku fasilitas saka Microsoft kanggo nggampangake gawé aplikasi-aplikasi Web Server.[3] ASP diciptakake déning Microsoft kanggo njawab tantangan pemrograman web dinamis.[4] Ora kaya HTML kang mung nudhuhake isi kang statis, ASP kisa nudhuhake isi kaca kang béda manut karo ancas pemrogramane.[4] ASP wis ngancik versi 3.0 kang mlaku ing platform Windows 2000 Professional utawa Server.[4] Versi sadurunge, ya iku versi 2.0, kang mlaku ing platform liyane kaya ta Linux, Solaris, OS/2, lan Novell.[4]
Basa ASP murni Object Oriented Programming (OOP) duweni struktur basa kang padha karo basa Visual Basic kang gampang dingerteni amarga sintakse nggunakake Basa Inggris.[4] Visual Basic ya iku basa pemrograman kang paling gampang dingerteni lan disinaoni tinimbang basa pemrograman liyane.[4] Mula ASP gampang banget disinaoni déning para pemula kanggo gawé aplikasi web.[4]
Penjelajah web
Penjelajah web kang digunakake kanggo ngetes script ASP kang digawé ing antarane ya iku Internet Explorer, Netscape Navigator, utawa Opera.[4]
Kaunggulan ASP
Kaunggulan saka ASP ya iku[3]:
- Gampang disinaoni
- Gampang dikembangake saka sistem kang wis ana
- Ora perlu kompilasi.
- Gampang digabungake karo tèknologi liyane kaya ta CGI, DCOM, ActiveX lan liya-liyane.
- Kanthi nggunakake ActiveX Data Object lan SQL, anggone gawé Web Data Base dadi luwih murah.
- Menehi fasilitas keamanan kaya ta session Object, cookie, lan fasilitas transaksi online kang aman kanthi protokol SSL, kabèh bisa ditindakake kanthi nggunakake sitik kode tambahan.
- Kode ASP ora bisa dideleng saka client, hal iki disebabake amarga yèn server nampa request file asp, mula file mau diproses disik ing server lan kang dikirimke ya iku kode-kode HTML
Tuladhane
<html>
<body>
<%
response.write("My first ASP script!")
%>
</body>
</html>
Pranala njaba
Cathetan suku
- ↑ a b c Johanes Gunawan, Cepat Mahir ASP, ilmukomputer.org
- ↑ Mohd. Shahizan Othman, Suraya Miskon, Syed Norris Hikmi Syed Abdullah & Lizawati Mi Yusuf, Pembangunan Apilikasi Web Menggunakan Active Server Pages (ASP), kaca 67. UTM
- ↑ a b Ebook Onno W Purbo, Aplikasi Internet.
- ↑ a b c d e f g h BUKU ASP BAB1 - TUTANG
- ↑ ASP Tutorial