Cengkèh

Cengkèh iku kuntum kembang kang garing saka wit cengkèh.[1] Cengkèh gampang urip ing laladan tropis.[1] Indonesia salah siji nagara kang terkenal bisa ngasilaké cengkèh.[1] Akèh ditemokaké wit cengkèh ing laladan Maluku.[1]
Cengkèh (Syzygium aromaticum) kagolong tanduran kang nduwèni wit kang gedhé lan kayuné atos.[2] Cengkèh isa urip nganti puluhan tahun, malah-malah ana sing atusan tahun.[2] Dhuwure isa nganti 20-30 meter, pang-pange uga akèh.[2]
Cengkèh digunakaké kanggo bahan campuran rokok krètèk, lan kanggo bumbu penyedap masakan.[3] Ambuné cengkèh kang khas dihasilké saka senyawa eugenol, kang dadi senyawa kang paling akèh (72-90%) kang nyusun minyak atsiri cengkèh.[3] Eugenol nduwé sifat antiseptik lan anestetik (bius).[3]
Klasifikasi Cengkèh
Klasifikasi cengkèh :[4]
- Divisi : Spermatophyta
- Subdivisi : Angiospermae
- Kelas : Dicotyledonae
- Bangsa : Myrtales
- Suku : Myrtaceae
- Marga : Syzygium
- Jinis : Syzygium aromaticum (L.)
Kasiat Cengkèh
Kasiyaté cengkèh bisa digunakaké kanggo obat-obatan kayata:[5]
- Kanggo ngobati penyakit koléra lan nambah denyut jantung
- Bahan: cengkèh kang wis garing
- Carané nganggo: dikunyah lan disesep banyuné
- Lenga cengkèh bisa nggawé kuwat lendhir usus lan lambung, bisa uga nambah cacahé getih putih.
- Campak
- Bahan: 10 kembang cengkèh lan gula batu
- Carané: kembang cengkèh dikum banyu mateng sawengi, banjur ditambahi gula batu lan diudheg nganti rata. Banjur diombé sithik-sithik.
- Ngirengaké alis mata
- Bahan: 5-7 kembang cengkèh kang garing lan lenga kemiri.
- Cara gawé: kembang cengkèh diobong nganti gosong, banjur diuleg nganti alus lan ditambah lenga kemiri.
- Carané nganggo: diolesaké ing alis mripat saben soré.
Cathetan Suku
- ↑ a b c d (ing basa Indonésia)Tanaman Obat Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)Tanaman Obat (diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)Cengkeh Tanaman Asli Indonesia(diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ↑ (ing basa Indonésia)Tanaman Perkebunan (diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ↑ (ing basa Indonésia)Cengkeh (diakses tanggal 2 Maret 2011)