Menyang kontèn

Nokia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 16 Novèmber 2011 20.09 déning Ripchip Bot (parembugan | pasumbang) (r2.7.1) (bot Menambah: sa:नोकिया)
Toko Nokia ing Würzburg, Jerman

Nokia iku produsén piranti telekomunikasi kang paling gedhé ing donya lan kalebu prusahaan kang paling gedhé ing Finlandia.[1] Kantor pusate manggon ing kutha Espoo, Finlandia.[1] Nokia misuwur amarga prodhuk-prodhuk tlepon genggam.[1] Nokia nggawe telpon genggam utawa hp kanggo kabeh pasar lan protokol utama kalebu GSM, CDMA, lan W-CDMA (UMTS).[1] Ana uga kang ngarani NOKIA asalé saka jeneng komunitas kang manggon ing kali Emakoski ing Finlandia Selatan.[2] Sajroné dadi penguwasa pasar ponsel kang paling gedhé sadonya, Nokia uga tau ngalami pacoban.[1] Nokia iku dijupuk saka jeneng kali Nokianvirta kang mili saka kutha Nokia ing region Pirkanmaa. [1]Sadurungé nggawé piranti telekomunikasi, Nokia uga tau nggawé ban, sepatu boot, tivi, lan prodhuk umum liyane.[1] Tune Nokia kang sepisanan iku digawé karo Fransisco Tarrega.[1] Dheweké iku komposer Spanyol lan gitaris nalika periode Romantic. [1]Nada dering nalika nampa sms kang ana ing ponsel Nokia sejatiné yaiku kode morse kanggo SMS.[1] Istilah GSM kang sepisanan digawé lumantar jaringan kang disuplai Nokia nalika taun 1991 ing Helsinki.[1] Nalika iku dadi wektu kang sepisanan kanggoné perdana menteri Helsinki kang jenengé Harri Holkeri nganggo ponsel Nokia. [1]Alat penganalisa detak yaiku perangkat elektronik kang sepisanan digawé Nokia nalika taun 1962.[1] Mobira Talkman iku ponsel Nokia kang sepisanan kang digawé nalika taun 1984.[1] Nalika iku regané kurang luwih 4500 euro.[1] Dené ponsel layar sentuh kang digawé nokia kang sepisanan yaiku Nokia 7710 kang digawé nalika taun 2004.[1] Nokia 1100 dadi ponsel kang paling laris nalika sasi Mei 2001.[1] Ponsel Nokia N Series kang sepisanan digawé kanthi bareng-bareng yaiku Nokia N70, N90, dan N91.[1]

Cathetan suku

  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 (ing basa Indonésia)suaramerdeka.com(dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)
  2. (ing basa Indonésia)lintasberita.com(dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)